Minggu, 22 Juli 2012

Ramadhan - Mendadak Religius........

         Wulan poso teko maneh. Kaya srengenge sing saben dini nyapa, Wulan  Ramadhan saiki ugo teko. Ana sebagian sing nyambut kanti seneng, ana sing nyambut kanti  'biasa' bae kaya  rutinitas sing musti dilakoni, malahan ana ugo sing ora perduli babar blas.

         Kabeh kuwi tergantung saka pribadine dhewe-dhewe, Kanggone muslim Ramadhan kuwi wulan kang becik,  wulan sing paling becik kanggo nggawe amal kabecikan sing sak akeh-akehe,  sebab kabeh syetan lagi dibendu ana ing neraka ben ora ngganggu menungso olehe ngibadah.

        Ngenani bab iki Pemerintah ugo menehi perhatian sing khusus -ya kaya biasane tahun-tahun kapungkur - trus njaluk kesadarane warga supaya ngurmati sasi iki, warung-warung panganan aja bukak awan, nek kepekso bukak ya kudu ditutupi, ora ngrokok ing ngarepe umum,  malahan panggonan hiburan malam supaya tutup sauntoro. Gak kaetinggalan kabeh TV, koran, majalah, temane mung nuansa Ramadhan. Para awak intertainment pada nggawe acara sing nuansa Religi, age-age nggawe lagu sing religi, para artis sing biasa pamer awak dumadakan nganggo sandangan sing brukut, kabeh pada ngetokke apik, sarwo alim.

      Kabeh kuwi apik, mbalike ning awake dhewe-dhewe, mugo-mugo bae ing wulan sing kebak barokah iki      kabeh pada entuk ganjaran, syukur-syukur tingkah laku becik ing wulan iki bisa digawa ana wulan-wulan sak teruse. sing saiki seneng ngamal ya gelem ngamal terus nek nduweni rejeki, sing dumadakan ngganggo jilbab yo diteruske, mung nek saiki ana pemimpin sing ngapusi rakyate yo ojo diteruske, apa maneh sing isih seneng korupsi aja malah saya ndadi.

      Sing paling baku Wulan Ramadhan gumantung saka pribadine dhewe-dhewe arep di maknani apa, monggo kerso. muga-muga kita kabeh tansah eling lan eling, sebab sak bejo-bejone wong sing lali isih bejo wong sing eling. Nglakoni poso ora mung ngempet dahar karo ngombe, ning ya kudu iso ngempet hawa nafsune, ora bubar buko terus balas dendam sak anane di dahar. Poso kuwi ora identik karo dahar sing sarwo enak, kaya Riaya Idul Fitri ( kanggo bocah cilik-cilik) identik karo klambi anyar.

        Babar blas gak nduweni maksud 'nggurui' kanca-kanca kebeh,  mung sakkedare ngelingke awakke sing nulis artikel iki supaya wulan poso iki nduweni arti sanajan mung saktitik,,, tletik.....

Mugo-mugo bae kita kabeh dadi umat sing tansah eling............

......Matur suwun ............